Senin, 30 November 2009

Wong Jawa Aja Tinggal Glanggang Colong Playu

Wong Jawa Aja Tinggal Glanggang Colong Playu marang Basane
(Dening: Drs. Sugiharjo, M.Pd.)

Owah gingsiring basa Jawa gumantung wong Jawa. Supaya basa Jawa tetep langgeng wong Jawa ora perlu isin (gengsi) migunakake basa Jawa ana ing kulawarga, masyarakat lan sekolah. Wong Jawa aja tinggal glanggang colong playu marang basane
Tuturan lisan basa Jawa tumrape para mudha ing wektu saiki wis tansaya mrihatinake banget. Kahanan kang kaya mangkono kuwi bisa dirungokake lan dimatke nalikane para generasi mudha migunakake basa mau. Bisa nalika wawanrembug karo wong tuwane utawa nalikane ana ing madyaning pasrawungan. Luwih-luwih maneh ana ing wewengkon anyar kanthi anane perumahan-perumahan kang kabangun kanthi cara real estate, tuturan basa Jawa lisan wis arang diprangguli utawa dirungokake maneh.
Seje, manawa ana ing kampung-kampung kang isih ngugemi tradhisine, anggone padha ninggalake tuturan mau ora patia cetha. Wondene bab kang ora umum mapan ana panggonane bocah-bocah enom kang isih nduwene rasa eksklusivitas katandhingake dening masyarakat umume. Bab kaya mangkene iki umume mapan ana ing kalangan masyarakat ing sektor informal, tingkat ekonomine kurang, lan ora katon moncer ana ing masyarakat
Kahanan mangkono mau dumunung ana ing sajroning era globalisasi kang sarwa maju, kang mujudake tantangan kanggone para sutrisna basa lan sastra Jawa. Tantangan mau ora bisa diawekani kanthi gampang lan ndadak utawa kun fayakun, nanging mbutuhake olah pikir lan pambudidaya kang wigati. Pancen ya ora bisa diselaki maneh manawa ajuning teknologi kasebut minangka salah sijine bab kang njalari mundure lan wegahe para mudha anggone padha migunakake basa ibu kang kebak ing rasa santun mau ana ing padinan. Lha kepriye cara kang bisa ditindakake supaya kekarone bisa lumaku kanthi becik tanpa nyalahake siji lan sijine ?
Pambudidaya kanggo nglestarekake basa Jawa kuwi kudu lumaku bareng mapan ing telung wewengkon. Kang sepisanan mapan ing kulawarga (informal). Kang kapindho mapan ing madyaning masyarakat (nonformal). Dene kang kaping telu papane ana ing pawiyatan (formal). Yen telu-telune bisa lumaku kanthi becik ora mokal manawa basa Jawa tetep langgeng salawase. Mung wae ora bisa diselaki manawa basa Jawa kang ana mau bakal ngalami owah-owahan. Tegese ing kana kene tansah keprungu tembung-tembung manca lan teknologi kang tansah lumaku bareng nut jaman kelakone. Lha kabeh apa ya ndadak kudu di-Perda-ke ?
Pemerintah wis nuruti kabeh panyuwunane para masyarakat sutresna basa lan sastra Jawa. Kasunyatan wis ana Perda kang mratelakake manawa wulangan basa Jawa diwulangake ana ing tataran Pendidikan Dasar tekane Pendidikan Menengah. Kepara ana uga kabupaten kang ngetrepake pranatan amrih ing dina tartamtu kantor-kantor supaya tansah migunakake basa Jawa kanggo sarana komunikasi. Lha kepriye cak-cakane nalika ana ing masyarakat kulawarga lan liyane? Apa masyarakat ya isih tetep gelem nanggapi marang kahanan mau ?
Langgeng orane basa Jawa kuwi mesthine gumantung marang wong Jawa dhewe. Gumantung marang wong Jawa isih gelem migunakake basa Jawa apa ora. Kira-kira wong Jawa isin utawa rumangsa gengsi apa ora nalika nganggo basa Jawa ana ing pasrawungan? Apa rumangsa kangelan nalikane milih tetembungan kang arep diomongake? Kuwi kabeh minangka sebab geneya wong Jawa kang nduweni basa Jawa kok malah padha tinggal glanggang colong playu marang basane dhewe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar